Minggu, 04 April 2010

OBOR PANGURIPAN

Rinakit dening : Drs. Ginia

SD Darul Arqom Wiyung Surabaya

Wengi tansaya peteng
nalika aku kudu jumankah sajroning laladan kang ndedet
tanpa lintang tanpa candra

Nanging langkah kudu jumangkah


prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

Among keprungu swarane godong garing

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan,ing jagat peteng lelimengan
lelana tapa brata tanpa pawarta tanpa swara

ngadhepi dina-dina ing ngarep,tekadku ora mantep

Naliko tekatku wus pepes

Langkahing sikilku tansaya lemes
obor kang makantar-kantar semburat semunar
madhangi jangkah lan jagatku

panjenengan
guruku, kekasihku, obor panguripanku
kancanana sukmaku sinau bab bebrayan

Panguripan, tata laku ing kautaman

Obor kang nyedakake mring kitab suci

Nuntun langkahku jumangkah ngarsaning gusti

Obor kang nuduhake kautaman

Medarake reribet kang tansah daksandang

Sunarmu tansaya ngrembaka

Madangake jagadku, mbukakake langitku

Pastaka-pustaka kawedar, pikirku tansaya mekar

Amarga tanganmu nuntun jangkahku kanti sabar

panjenengan
guruku, kekasihku, obor panguripanku
mugia jasamu kabales mring gusti kang ngatur uripku

tindak tandukmu, tutur ucapmu dak tiru…aja kliru.



Gamelan

Rinakit dening; Drs. Ginia

SD Darul Arqom Wiyung Surabaya

Rancaking gamelan kang muni

anggugah ratri kang saya sepi

ungele gambang

rancake kendang

angiringake bocah pradesan

kang pada tetembangan

ngalahake petenge surya, atise wengi

swara suling kang angalun-alun

swara demung kang terus angungkung

ngademake penggalih kang lagi sedih

ngaturake bebungah, ati kang susah

prasasat petenge wengi, sinaput sunare purnama

prasasat panase geni, siniram ademe tirta

unine gamelan medarake rasa tresna

tanpa gamelan ora ana reog kang agung

ora ana pendet kang adiluhung

tanpa gamelan ora ana wayang gumelar

ora ana remong kang makantar-kantar

kang sumrambah sak eka praya

kang misuwur sak indenging jagad raya

kang nuwuhake rasa milik nagari liya

gamelan kang angiringake budaya bangsa

gamelan agawe misuwure bumi nuswantara

nderekake sang wali nyebarage agama

agama islam ing tlatah tanah jawa

sanajan awujug gamelan

among wesi tanpa jiwa, tanpa raga

nanging jumangkah ngideri dunya

jajah desa milang kori sak indenging jagad raya


Widi

Rinakit dening Drs. Ginia

SDIT Darul Arqom


Yendinulu orao tinemu ing nalar kang sejati

sapa ngira bocah kang cilik , aking, kang ora ndayani

Kondang misuwur sakindengin pelosok nagari

Bocah cilik, nanging ndarbeni kaluwihan kang edi peni

anyundul langit , angideri dirgantara kang suci

Sumunar kadya sang candra ing tengahing ratri


Widiawan Nur Muhammad jamaking bocah lumrah

Pinunjul ing budi, linuwih ing laku, lantip ing akal

Bocah kang ora duwe gumem, orang gampang asesorah

Bocah kang prigel, lantip i, lan luhur ing bab moral

Siswa SDIT Darul Arqom , kang ngutamakake bab aqidah

Dadi Sawijining Finalis Olimpiade Sains Tingkat Nasional